Kutipan saka Serat Pralayajati.
Guru kudu anetepi 6 prakara :
- Guru kudu welas asih ing murid,
- Guru kudu memuruk ing murid nora kena bosen,
- Guru nora wenang kumbi kawruhé marang murid,
- Guru nora wenang ngalap anak rabiné murid,
- Guru nora wenang sak serik lan sawektu-wektu guru kudu andedongakaken maring murid supayané manggih basuki.
- Guru kudu iklas ing dalem atiné, krana wis tunggal rasa, tunggal nyawa lawan murid.
Guru lamun nerak ingkang salah sawijiné kadi pepacuh 6 prekara mau, iku kukumé kupur pitung madhab tegessé dijabakaké umatté Gusti Kanjeng Nabi Mukhamad rasullullah, salalahu ngalaihi wasalam,
Murid kude anetepi 6 prakara :
- Murid kudu welas asih sartané kudu gawé hurmat ing guru, krana wis tunggal rasa, tunggal nyawa.
- Murid nora wenang bosen jaluk piwulang ilmu ing guru.
- Murid nora wenang kumbi ilmuné ing guru.
- Murid nora wenang ngalap bojo ing anakké guru.
- Murid nora wenang sak serik atiné ing guru.
- Murid nora wenang nacad ing ilmuné guru, lan nora wenang miriddaken ing ilmuné lamun during antuk palilahing guru, utawa murid kudu iklas atiné mring guru.
Mongka lamun ana murid kang wani nerak salah sijiné papacuh kadi 6 prakara mau, ing kono kukummé munafék tegessé munafék iku, senadyan pinter ngélmuné, iya nora tinemu ing dalem sakaratil maot.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar